Sugeng Riyadi

Baca Juga

Sega kupat duduhe santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten
Bubur bening sambele ati, lebur dining riyaya adi
Satunggal tahun laminipun wekdal ingkang tansah kauruk sifat lepat lan luput, kairing dinten riyoyo puniko kawulo ngaturaken gunging samudro pangaksami

Es blewah turah-turah, diwadahi piring malah angel mangane
Melu Muhammadiyah opo pemerintah, sing penting aku njaluk pangapurane
Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1431 H. Taqoballahu minna wa minkum, taqobbal ya kariim, wa kullu amin wa antum bil khair. Minal aidin wal faizin. Mugi Gusti Allah tansah paring hidayah, maghfirah saha barokah dumateng kita sedaya. Rahayu ingkang tinemu, sembada ingkang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh
Ngaturaken Sugeng Riyadi, nyuwun agunging pangaksami, nyuwun tambahing pangestu wonten ing lampahing gesang
Datan wonten bait sastra kang rinajit ingkang langkung agung kejawi atur Sugeng Riyadi. Sepinten kalepatan mugi lebur ing dinten ingkang riyadi punika
Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1431 H. Bingahing manah awit Gusti sampun hangganjar kamenangan, lumebet dateng dinteng ingkang fitri. Nyuwun pangapunten sedoyo lepat lan kekhilafan. Mugi Gusti tansah ngluberaken rahmat, karunia, taufik lan hidayah dateng kito sedoyo
Wilujeng dinteng agung riyaya 1431 H. Titah kagungan lepat, kasampurnan kagungane Gusti. Monggo ngapunten ing apunten lir trus ing batos
Rinengga pudya, pudyaning satata
Nyuwun kanthi purbwaning 1 Syawal 1431 H, sih lumebering samodra pangaksami, lahir dumuginipun batos, menggah sedaya lepat saha klentu, mugi sageto lebur ing dinten riyadi meniko
Santen dicampur gulo, kupat diupokoro
Semanten ugi kawulom, menawi lepat nyuwun ngapuro
Sinar tan tulus lan sucining kalbu, mugi sirno sedaya dosa kalepatan, gumatos rumaketing silaturohim. Mijil manjal maning sesanti. Nyuwun pangapunten sedoyo kalepatan